Subscribe to my feed

Tulisan yang tersimpan di Kategori ‘parikan’

Parikan sayur asem

Saturday, April 10th, 2010 |

Sayur asem iwak’e pindhang…
Orah usah mesam mesem kalo mau bilang sayang..

Iwak pindhang digoreng garing…
Wis ngomong sayang malah disawat piring

(Meilinda)

Parikan welut

Sunday, January 24th, 2010 |

Nang sawah golek welut,
gak oleh welut yo urang.
Golek bojo kudu seng nurut,
nek gak nurut yo cepitno lawang!!

(meilinda)

Parikan dawet

Tuesday, January 5th, 2010 |

mangan juwet nang indramayu..
jarene ruwet saiki wis ngguyu

ngombe dawet sambil nonton tipi..
daripada ngempet mending call me

(alh)

Parikan Iwak Sepat

Sunday, October 25th, 2009 |

iwak bandheng iwak sepat
arek ngganteng bojone papat

tuku bandheng numpak sepeda
rupane ngganteng celono e bedah

(kakehan bojo seh.…sampe celono digawe rebutan)

(alh)

Parikan Lebaran

Sunday, September 20th, 2009 |

Mangan sate sak gulaine
lombok ijo jahe kemiri
Kapan ae lebarane
sugeng riyoyo idul fitri

Tumbar merico kecap asin
nyuwun ngapuro lahir batin

Cak jumadi asli wong trenggalek
dodolan clono nang pinggiran wonokromo
Sugeng riyadi sedulur sederek
njaluk sepuro seng akeh yoo

Parikan Sambel Terasi

Wednesday, September 16th, 2009 |

nang jakarta tuku pita
ate ngopi cuma sak gelas
kalo cinta katakan cinta
tak surati tapi gak dibalas

iwak klotok digoreng garing
ojo lali sambele terasi
nggudho arek wedhok sing lencir kuning
ehh.. ehh, jebule anake wis siji

(alh)

Parikan Gedhang Kluthuk

Thursday, August 27th, 2009 |

Gedhang kluthuk gedhang rojo
Moto ngantuk yo diturokno…

Godhong waru godhong kemangi
lek wes turu ojo lali sahur tangi…

Gulo aren gulo jowo
Lek kelalen yo tetep poso…

(alh)

Find entries :


BALI HEAVEN is a Bali Villa Agent which gives you fantastic value! We provide all type villas in bali in almost all area, Here you can find private beachfront villas or hidden away villas with paddys view or luxurious villa on the top of the hill with stunning view to the ocean, all are trully heaven on earth.